Asli cah Magelang kota yang ada gunung Tidarnya itu
Lairnya di RSB .... oya ketoke RSB Budi Rahayu !! nek ra salah
Mulai sekolah TK di daerah Kedungsari tapi sekarang udah nggak ada sekolahnya, ketoke udah jadi Puskesmas.

Waktu kecil cukurane rambut BROS terus tekan kelas 4 SD, seko bayi tanganku wis dienggoni gelang Wesi Monel (jarene ibuku ben ora lara-laranen wae) awit bayi aku sering banget panas nganti step, nganti driji ibuku wis tau meh tugel mergo nggo ngganjel untuku wektu aku loro step ora mari-mari, soale aku anak lanang cah mbarep, dadi yo dieman-eman banget karo wong tuwaku saking diemane aku ora oleh diemong/digendong karo wong liyo selain wong tuwaku / embahku.

Bar sekolah TK njur disekolahke SD (jane waktu kuwi umurku isih 5 taun) nek menurut ibuku isih kurang nek mlebu sekolah SD Negri dadi disekolahke neng SD Piere Tendean Magelang, jane rodo adoh nggone seko omahku sing neng Pucangsari.
Neng SD Piere Tendean mung setaun terus dipindahke neng SDN KRAMAT I, nggone neng Ringinanom, soale mbiyen kadohan lehku sekolah nek mulih sekolah sok terus dolan neng kancaku marahi gawe bingung wong tuwaku sing sok methuk (aku mbiyen rodo ngglidik senenge kluyuran dolan podo koyo anaku sing saiki angger mulih sekolah ora langsung mulih ning sok terus dolan).

Para guru2 sing tak elingi pak Bambang Kepala Sekolah, Bu Romlah sing nduwe penginapan lan pak Badri sing gendut lan galak soale aku pernah diusir karo pak Badri mergo aku konangan nyontek pas ulangan bahasa Indonesia, buku lan lembar soal n jawaban ku kelas enem langsung disuwek2 neng ngarep kelas neng ngarepe konco2ku aku diusir kon metu seko ruangan kelas, nek kelingan kuwi aku pengin nangis ning ra iso wong aku cah lanang yo mung jengkel sebel lan wedi nek ra lulus sekolah jan aku ra iso mbayangke rasane dadi wong tuwaku nek anake ra lulus sekolah dasar, mesti isin banget yoo, ndilalahe aku kok tergolong cah sing mbeling lan bandel biji rapotku seko kelas siji tekan kelas enem mesti sing abang matematika wah cen nasib. aku yo mung mbatin wae karo pak Badri ki guru sing paling njengkelke tak pisuhi lan tak sumpahi, eee ndilalahe ora let suwe pak Badri kuwi loro aku njur rasane mesake terus tak besuk karo konco2ku neng ngomahe wah nek ndelok guruku kuwi melas temen jan wis ra iso tangi aku mbatin wah ketoke sedilit meneh ki"wektune" wong galak, ora let suwe aku krungu kabar nek pak Badri wis tilaaar ndonya, ah yo wis Gusti Allah paringono pangapuro.
Crito guru sing paling sabar yo ono jenenge pak Hasyim guru agama wonge cilik omahe wetan kali Elo jan tekan saiki pelajarane isih tak eling2 wae nek ngajar agam selalu diawali bacaan2 sing dienggo sholat dadi terus cepet apal. saiki wis almarhum yo pendongaku semoga pak Hasim diterima amal ibadahnya oleh Allah SWT, dan ditempatkan disisi yang terbaik Amiiiiin.
Koncoku2 mbiyen .. Sentot dan Kelik
Lagi OSPEK neng STMIK Indonesia....njelehi lan ngisin-isini...

Bar sekolah TK njur disekolahke SD (jane waktu kuwi umurku isih 5 taun) nek menurut ibuku isih kurang nek mlebu sekolah SD Negri dadi disekolahke neng SD Piere Tendean Magelang, jane rodo adoh nggone seko omahku sing neng Pucangsari.
Neng SD Piere Tendean mung setaun terus dipindahke neng SDN KRAMAT I, nggone neng Ringinanom, soale mbiyen kadohan lehku sekolah nek mulih sekolah sok terus dolan neng kancaku marahi gawe bingung wong tuwaku sing sok methuk (aku mbiyen rodo ngglidik senenge kluyuran dolan podo koyo anaku sing saiki angger mulih sekolah ora langsung mulih ning sok terus dolan).
Seko jaman aku sekolah TK aku mesti bareng karo koncoku lan tanggaku sing jenenge Yoyok asline jenenge Muhhamad Arief ( saiki dadi guru STM ketoke ? ) pindah neng SDN Kramat I kelas siji aku karo Yoyok ora munggah kelas loro yo bareng mungkin saking bodo opo mbelinge ah.. ra popo.
Nek sekolah aku kadang2 Nyeker alias sepatune dicangking ora dienggo eman2 ben awet ngono .. konco2ku sekolah mbiyen sing kelingan sopo yoo ... Yoyok, Budi Gajah,(cahe gede koyo gajah) Urip Teler(kupinge teleren), Susilo, Yono, Slamet Riyadi (Dandung), Erwin anake bos Tegel, Djoko, terus sing wedok Endang suroboyo (pindah seko suroboyo), Endang Gajah (bocahe gede), Rita khusus cah iki aku ora iso lali bocahe rodo ireng manis rambute kriting sing marahi ora lali aku tau kerengan karo Rita terus tangane tak tubles nggo potlot nganti nangis, aku njur mlayu mulih mluncat pager sekolahan sepatuku tak cangking wedi nek dilaporke gurune opo wong tuwane ( jan tekan saiki aku nek kelingan mesake banget yo Rita kuwi jane bocahe menengan ora rewel mung aku wae sing buandeeeeel) duh Gusti aku nyuwun pangapuro jan melas temen cah kuwi nek iso ketemu meneh aku pasti njaluk ngapuro karo sing jenenge Rita kuwi sing omahe mbiyen mburi sekolahan, saiki mbuh neng ndi nduk .!!
Para guru2 sing tak elingi pak Bambang Kepala Sekolah, Bu Romlah sing nduwe penginapan lan pak Badri sing gendut lan galak soale aku pernah diusir karo pak Badri mergo aku konangan nyontek pas ulangan bahasa Indonesia, buku lan lembar soal n jawaban ku kelas enem langsung disuwek2 neng ngarep kelas neng ngarepe konco2ku aku diusir kon metu seko ruangan kelas, nek kelingan kuwi aku pengin nangis ning ra iso wong aku cah lanang yo mung jengkel sebel lan wedi nek ra lulus sekolah jan aku ra iso mbayangke rasane dadi wong tuwaku nek anake ra lulus sekolah dasar, mesti isin banget yoo, ndilalahe aku kok tergolong cah sing mbeling lan bandel biji rapotku seko kelas siji tekan kelas enem mesti sing abang matematika wah cen nasib. aku yo mung mbatin wae karo pak Badri ki guru sing paling njengkelke tak pisuhi lan tak sumpahi, eee ndilalahe ora let suwe pak Badri kuwi loro aku njur rasane mesake terus tak besuk karo konco2ku neng ngomahe wah nek ndelok guruku kuwi melas temen jan wis ra iso tangi aku mbatin wah ketoke sedilit meneh ki"wektune" wong galak, ora let suwe aku krungu kabar nek pak Badri wis tilaaar ndonya, ah yo wis Gusti Allah paringono pangapuro.
Crito guru sing paling sabar yo ono jenenge pak Hasyim guru agama wonge cilik omahe wetan kali Elo jan tekan saiki pelajarane isih tak eling2 wae nek ngajar agam selalu diawali bacaan2 sing dienggo sholat dadi terus cepet apal. saiki wis almarhum yo pendongaku semoga pak Hasim diterima amal ibadahnya oleh Allah SWT, dan ditempatkan disisi yang terbaik Amiiiiin.
Koncoku2 mbiyen .. Sentot dan Kelik
Senengane moco Nick Carter...
Jaman SMA
Dari Kiri : Budi (Prambanan-Jogja), I Made Wirnayasa (Tabanan-Bali), Tika (Ponorogo), Sugiyarto (Wates-Jogja), Puthot (Prambanan-Jogja), Pojok dewe ya Inyong laaah
Dari Kiri : Iswahyudi (Jogja), I Made W (Bali), Hardono (Jogja) Kustini (Kebumen)
Sing Tengah Inyong dewe

3 comments:
wah kumplit juga biografinya om.. kapan neh di buat bukunya, biar tak beli yang banyak buat dibagi2 gratis hehehehe..
ada no.HP yg bsa saya hub ??
saya yopi dr kota cilegon
Post a Comment